Dino Minggu ayo nggu nguyang jaran ayo ran rante sepur ayo pur *eeeh salah yo
)
Dino Minggu wingi (30-11-2008) kuwi dadi dino sing paling bersejarah gawe cah iki.Persiapan sing mateng bareng karo kerja kerase 2 – 3 wulanan gawe nyiapne moment iki jebule ora sia sia.teko pesen undangan,pesen katering, sampek tuku songkok neng ambass kiy di nyang i dewe ambek dekne.Peeeh, pokok e lehmu pontang panting tenogo lan pikiran slama iki akhire iso mok nikmati teko kasile acara wingi le.Sepurane aku yo mung iso ndungakne lan paling poll cuman iso ngajak PS an lek awakmu lagi suntuk *Uston Nawawi seperti Beckham
.
Tangi kawanen jam 7 mergo krungu suarane Edy ngampiri Papi sing arep dadi Pager elek Bagus
.wadooh ojok sampek telat melu akaad!!!.akhire adhus ciblon jebar jebur,salin nggawe Bathik nyar
),sepaton langsung nyandak spedah budal Jemput Adhis nang Hotel e.
Dooy : Dis, Aku wes nyampe nang ngarep.cepetan wes dienteni bocah².
Adhis : sik didoy, aku sik kathokan cathokan. 5 menit maneh yoo
Dooy : yo wes cepetan yo..
Byuuh dasare cewek lek dandan 5 menit yo dadi 20 menit.sampek entek rokok 2 linthing ambek bingung mikir iki dalan balik neng kontrakan liwat ngendi yo
) sik urung bar oleh e macak *peeeh.akhire jam 8.20 Si Adhis njebus prengas prenges hehehe sorry ya.Whoooot iki wes arep digebuki sekuriti hotel amergo asline ora oleh parkir neng ngarep hotel hare.wes ayo budhal..
ketemu cah² neng ndalan, akhire ngebut budal neng panggonane Akad lan resepsi neng daerah Jakarta Timur kono.untung wae nyampek kono akad e urung mulai *pengen ngerti Jumbo ngucapne akad lan janji suami asline hohoho..
Jam 10 acara akad wes mari.sik enek wektu 1 jam gawe poto2,tuku amplop *lali ora nggowo amplop e
,lan TP TP cewek² ayu neng skitar kono
) yo sopo ngerti enek sing nyliwer oleh cinta pada pandangan pertama ngono cah =)) *hush ojok protes!!!
Jam 11 luweh, acara makan-makan temu manten mulai.naaah iki sing dienten²i…Kambing Guliiiing
).Bar ngobrol ambek cah cah, poto² salaman ambek manten e.wes wektune neng acara Arisan K9 neng Negoro Republik Ndepok kono..
koyo ngene iki loh poto2 ne :

Matur Nuwun Pak Amplopipun

Alon kek,sik akeh wong..

Yes..!! oleh SIM K ( Surat Ijin Masuk Kamar )

Dowo-dowonan Brengos po??

Poro seksi akad nikah

Ojok Mbathi Dhiiss !!! moh aku
)

Teko kiwo neng tengen : Bastiman,bojone Bastiman, bojone Bajey,Desvina,Pakdhe,Nyambek,Vicente,Bodong,Mantene,Adhis,Ardiana,Maho,Eddy,Wuland,
Cepul,Ndopher,Papi,DJ oko
Sing Ndodok : Bajey,Lawang,Sigit,Agus,Ayah,Brondhie,Samid,Papang,Sohel